Kamis, 23 Januari 2014

news future


 PURA GOA LAWAH

Pura Goa Lawah kang manggon ing desa Pesinggahan Kecamatan Dawan, Klungkung, Bali dadi papan pemujaan kaum Hindu ing tlatah Bali. Pura iki disebut ana ing Lontar Usana Bali lan Lontar Pasek. Lontar iku mbabar yen Pura Goa Lawah dibangun dening Mpu Kuturan ing abad XI M. Pura ingkang dipunparcaya dados Pura Kahyangan Jagat iku diapit pantai lan perbukitan.
            Ana ing pura iku ana upacara kang ditindakake ing dina-dina suci. Upacara piodalan utawa pujawali ditindakake saben enem wulan sepisan ing dina anggara kasih medangsia.  Upacara kang suwene 3 dina iku dipimpin dening pangempon pura yaiku Krama Desa Pakraman Pesinggahan. Kejaba upacara piodalan utawa pujawali, uga ana upacara rutin ing dina purnama, tilem, kajeng kliwon, pangerwesi, saraswati, lan sapanunggalane. Pura Goa Lawah iku lan Pura Besakih ing lereng Gunung Agung dadi simbol lingga yoni kanthi wujud alam. Lingga Yoni iku symbol pemujaan marang Gusti.
            Kasunyatan unik saka Goa Lawah iku yaiku lawa warna putih, ijo, lan ula ing watu dadi misteri kang ora bisa diandharake. Lawa putih lan ula dipercaya bisa dadi wangsit yen bakal ana kadadeyan kayata tanah longsor, gempa, raja pati, gunung njebluk, tsunami, bom, lan sapiturute.(SintaWulandari/11205244058)

news future


Kebo Emas saking Filipina
Wonten ing ajang kompetisi kostum sakdonya ingkang dipunwontenaken tanggal 27April dumugi 2 Mei 2013 ing Filipina, 20 tiyang wonten tim saking FT UNY ingkang makili Indonesia dados juwara kategori street carnival. Indonesia kasil mboyong tropi The Golden Kneeling Carabao ingkang wujudipun kebo ndhodhok lan arta 50.000 peso.
World Costum Festival (WCF) 2013 inggih menika pameran kostum ingkang dipunwontenaken ing Vigan, Propinsi Ilocos Sur, Filipina. Festival menika nembe dipunwontenaken kaping pisan ing tahun 2013 menika.
 Tim fashion carnival FT UNY kanthi pembina Afif Ghurub Bestari, Dosen Jurusan Pendidikan Tata Busana menika, sakderengipun sampun dados juwara I wonten ing Jogja Fashion Carnival.
“Sampun kaping 5 tim karnaval Fakultas Teknik Universitas Negeri Yogyakarta dados juwara ing Jogja Fashion Carnival, pramila kita kepengin tumut ajang ingkang langkung ageng, lan WCF 2013 menika ingkang dados pilihan” sanjangipun Wiwin Al Akbar, ketua tim FT UNY wonten Filipina.
Sakderengipun angsal ndherek pentas ing Vigan, Filipina, Afif ngirin desain supados dipun biji dening panitia WCF 2013. Wonten 19 mahasiswa wonten tim karnival menika. Boten namung mahasiswa Tata Busana, mahasiswa jurusan sanes ugi saged ndherek. Tuladhanipun Wiwin, ketua tim karnaval menika mahasiswa sakig jurusan Tata Boga. Alumni saking Jurusan Pendidikan Tata Busana ugi wonten ingkang ndherek.
Miturut Afif, piyambakipun boten nate matesi jurusanipun para mahasiswa ingkang dados peserta. Amargi karnaval busana boten namung babagan njahit-njahit. Aksesoris lampu wonten busana, tuladhanipun, dipundamel dening tim saking jurusan Teknik Elektro.
Ongkos kangge tindak wonten Filipina lumayan awrat. Tim menika sampun angsal sokongan dana saking kampus lan saking kedutaan besar Indonesia ing Manila. Ananging tetep kedang medalaken arta piyambak. Fardina Agustantri lan Annisa Hassyati, mahasiswa jurusan Pendidikan Tata Busana 2011 menika, kedah urunan Rp 3 yuta kangge transportasi.
Tim manika ugi kedah “ngamen”, istilah nalika angsal tawaran makarya ing njawi kompetisi. Tawaran menika antawisipun fashion show, fashion carnival, vashion drama, sewa kostum, nglukis badan, ngantos konsultan mode.
 Saksampunipun nglampahi rute saking Yogyakarta dhateng Jakarta, lajeng Jakarta- Manila 7 jam, lan bis Manila-Vigan ingkang jarakipun sami kaliyan Yogya-Jakarta, tanggal 26 April sore Tim FT UNY dugi ing Vigan. Rombongan ingkang antawisipun wonten 29 mahasiswa lan 2 dosen, Afif Ghurub lan ketua jurusan Pendidikan Tata Busana, Noor Fitrihana, M. Eng.
Vigan mapan wonten ing sakkilenipun Filipina. Wonten mrika acara sampun dipunwiwiti ananging pembukaanipun wonten ing tanggal 27. Kategori street carnival dipunwiwiti tanggal 28. Tim FT UNY ndherek kategori menika, uga 2 kategori sanes inggih menika fotografi lan body painting.(Sinta Wulandari/11205244058)

straight news


UNY mboyong The Golden Kneeling Karabao

Busana, sakmenika boten namung dados sarana panutup badan, ananging uga dados barang kangge dipunpirsani ugi dipunbiji. Pramila, Organization of International Schenoghra ngawontenaken kompetisi busana taraf internasional kanthi irah-irahan World Costum Festival 2013 wonten ing Vigan, propinsi Ilocos Sur, Filipina.
Sedaya nagari sami ndherek festival ingkang dipunwontenaken saking tanggal 27 April dumugi 2 Mei menika. Salah satunggaling peserta inggih menika Indonesia ingkang dipunwakili kaliyan Tim FT UNY. Wonten ing acara menika Indonesia kasil mboyong tropi The Golden Kneeling Karabao lan arta 50.000 peso.

warta ringkes

Longsor Ngrusak Omah Warga

Jawah deres  wonten ing  Gunungkidul nyebabaken bencana longsor, Jumat (13/12/2013) wengi. Longsor ingkang ngenani griyanipun Bapak Sulistyono wonten ing Mertelu, Gedangsari ngantos remuk.
"Boten wonten korban jiwa wonten ing kadadosan menika, ananging griya menika  risak parah lan dipunkinten-kinten rugi puluhan yuta," andharan saking Sumardi anggota Taruna Siaga Bencana Tagana Gunungkidul, Sabtu (14/12/2013) enjing.
dipunandharaken, bilih  bencana longsor menika dipunsebabaken saking jawah ingkang dangu saking sonten dumugi enjing menika. Mila siti ingkang sampun wonten emper menika ambrol lan ngembruki griyanipun Bapak Sulistyono. Sasampunipun kadadosan menika para kadang warga kaliyan Tagana saka para relawan biyantu sesarengan kangge ngevakuasi longsoranipun.
Masarakat uga sampun dipunelingaken supados waspada menawi intensitas jawah ingkang wonten menika inggil. Menapa malih siti wonten ing gunung kidul menika sipatipun labil lan asring longsor menawi kejawahan ngantos dangu.
Pangarsa  Pelaksana Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Gunungkidul Budhi Harjo SH MH ngingetaken dumateng  masarakat supados tansah waspada kaliyan bencana alam kayata longsor lan angin banter. Kangge penanganan bencana menika sampun dipunkoordinasi kaliyan Tim Reaksi Cepat, Tagana sarta intansi ingkang gayut kangge biyantu wonten ing papan bencana menika.(Sinta Wulandari/11205244058)

GUMREGAH POMNAS XIII DIY


DIY tahun iki dipercaya dadi tuan rumah POMNAS XIII tahun 2013 kanthi tema “Menuju Prestasi Dunia”. Pekan Olahraga Mahasiswa sa-Indonesia iki diwiwiti kanthi upacara pembukaan mapan  ing GOR UNY dina Senin (25/11/2013) kepungkur. Gubernur DIY, Menteri Pemuda dan Olahraga, Menteri Pendidikan dan Budaya, lan Rektor UNY rawuh ing upacara pembukaan kanthi irah-irahan “Kemilau Nusantara” iki.
Upacara pembukaan iki diregengake dening pagelaran saka mahasiswa UNY. Kontingen saka saben propinsi ing Indonesia mlebu GOR UNY diiringi musik saka Marching Band CDB UNY. Para peserta pada geger rebutan caping lukis sing dibagekake dening kontingen saka Sumatra. Upacara dibuka kanthi nyanyi lagu Indonesia Raya lan Mars POMNAS dening mahasiswa Jurusan Seni Musik lan PSM Swara Wadana. Kontingen saka Papua digawe heboh dening penari tarian nusantara kang lagi nyuguhake tarian es lilin saka Jawa Barat.
Suara gumuruh lan tepuk tangan keprungu ing GOR UNY nalika tari kolosal saka UKM Kamasetra UNY  mbentuk formasi lambang POMNAS. Tari kolosal kang dadi puncake upacara pembukaan iki diiringi musik genre tradisional-rock. Iwan Mustofah, sutradara pagelaran “Kemilau Nusantara” ngaku yen tarian kolosal iki dikemas kanthi tema semangat para muda. Kabukti karo syair lagu-lagu kang ngiringi tarian kolosal iki ngandhut teges semangat kanggo para muda Indonesia.
                           
Semangat ana ing upacara pembukaan POMNAS XIII iki muga-muga bisa tetep ana ing University Games 2014 kang mapan ing Indonesia uga, miturut pidato saka wakil MENDIKBUD. (Sinta Wulandari/11205244058)