Suharti menika minangka wirausahawan ingkang kagungan warung soto saha
mie ayam. Ibu suharti menika asring dipunceluk Bu Harti. Bu harti menika miyos
wonten ing tlatah Sleman 14 April 1997. Samenika dunung
wonten ing Berbah, Sleman kalihan garwa saha putrinipun. Bu harti samenika
sampun ajeg mapan wonten ing Kampung Karanggayam, Sleman. Bu harti miwiti usaha
soto saha mie ayam sampun awit taun 2003 dumugi samenika. Kaluarganipun bu
harti menika wiwit rumiyin sampun dedagangan soto kaliyan mie ayam, pramila bu
harti ugiketularan makarya dedagangan soto kaliyan mie ayam. Papanipun
dedagangan antawisipun Bapak saha ibukipun bu harti kalihan bu harti piyambak
beda. Tiyang sepuhipun bu harti sampun langkung pepak.
Warung kagunganipun bu harti menika sampun dangu jumeneng wonten ing
tlatah Karanggayam. Daerah Karanggayam menika daerah ingkang caket kalihan
kampus (UGM, UNY) saha sesandhingan kalihan kos-kosan. Pramila warung saged
rame terus amargi kathah tiyang ingkang mampir. Bu harti menika makarya wonten ing
Karanggayam dipunbiyantu dening ponakanipun (jaler) piyambak. Warung Bu Harti
menika bikak saking tabuh 09.00 dumugi 20.00 WIB, menawi dinten ahad tutup
kangge istirohat. Bu harti menika kalebet tiyang setri ingkang sabar, sumeh,
saha temen. Piyambakipun anggenipun dedagangan kanthi limrah, sami kaliyan
tiyang sanes ingkang dedagangan soto utawi mie ayam.
Ananging bu harti menika kagungan prinsip
piyambak, inggih menika kualitas raos
soto saha mie ayam ingkang beda kalihan sanesipun. Lajeng saking karesikanipun
saha donga, amargi donga menika miturut bu harti minangka kakiyatan kita.
Ingkang langkung utama inggih menika sodaqoh. Bu harti menika tiyang ingkang
remen sodaqoh dening tiyang sanes.. Amargi Gusti Allah menika badhe nambah
rejekinipun tiyang ingkang remen maringi dhateng tiyang sanes. Janji Allah
menika sampun pinesthi, sinten tiyang ingkang remen maringi, tiyang menika
badhe dipuntambah rejekinipun dening Gusti Allah.

