Minggu, 02 Februari 2014

Profil Tokoh: Warung Soto Bu Harti




Suharti menika minangka wirausahawan ingkang kagungan warung soto saha mie ayam. Ibu suharti menika asring dipunceluk Bu Harti. Bu harti menika miyos wonten ing tlatah Sleman 14 April 1997. Samenika dunung wonten ing Berbah, Sleman kalihan garwa saha putrinipun. Bu harti samenika sampun ajeg mapan wonten ing Kampung Karanggayam, Sleman. Bu harti miwiti usaha soto saha mie ayam sampun awit taun 2003 dumugi samenika. Kaluarganipun bu harti menika wiwit rumiyin sampun dedagangan soto kaliyan mie ayam, pramila bu harti ugiketularan makarya dedagangan soto kaliyan mie ayam. Papanipun dedagangan antawisipun Bapak saha ibukipun bu harti kalihan bu harti piyambak beda. Tiyang sepuhipun bu harti sampun langkung pepak.
Warung kagunganipun bu harti menika sampun dangu jumeneng wonten ing tlatah Karanggayam. Daerah Karanggayam menika daerah ingkang caket kalihan kampus (UGM, UNY) saha sesandhingan kalihan kos-kosan. Pramila warung saged rame terus amargi kathah tiyang ingkang mampir. Bu harti menika makarya wonten ing Karanggayam dipunbiyantu dening ponakanipun (jaler) piyambak. Warung Bu Harti menika bikak saking tabuh 09.00 dumugi 20.00 WIB, menawi dinten ahad tutup kangge istirohat. Bu harti menika kalebet tiyang setri ingkang sabar, sumeh, saha temen. Piyambakipun anggenipun dedagangan kanthi limrah, sami kaliyan tiyang sanes ingkang dedagangan soto utawi mie ayam.

 Ananging bu harti menika kagungan prinsip piyambak, inggih menika kualitas raos soto saha mie ayam ingkang beda kalihan sanesipun. Lajeng saking karesikanipun saha donga, amargi donga menika miturut bu harti minangka kakiyatan kita. Ingkang langkung utama inggih menika sodaqoh. Bu harti menika tiyang ingkang remen sodaqoh dening tiyang sanes.. Amargi Gusti Allah menika badhe nambah rejekinipun tiyang ingkang remen maringi dhateng tiyang sanes. Janji Allah menika sampun pinesthi, sinten tiyang ingkang remen maringi, tiyang menika badhe dipuntambah rejekinipun dening Gusti Allah.

Artikel Budaya: Tari Sekar Jagad



Tari Sekar Jagat ing Pulo Bali
Pulo Bali inggih salah satunggaling pulo ingkang kagunganipun nagari kita, ingkang nami nagari Indonesia. Pulo Bali menika sampun dangu dados pulo ingkang mencungul tinimbang pulo sanesipun mliginipun babagan pariwisata. Kajawi saking segi pariwisata, wonten ing pulo menika ugi wonten kathah kesenian, sejarah, kabudayan ingkang padatanipun kathah tiyang ingkang kepengin nyinau babagan menapa kemawon. Wonten ing seratan menika badhe mbabar  babagan salah satunggaling  kesenian ingkang wonten ing Pulo Bali inggih menika Tari Sekar Jagat.
Tari Sekar Jagat inggih menika salah satunggaling tarian Bali ingkang padatanipun kagungan fungsi minangka tari penyambutan wonten ing acara-acara ingkang formal utawi boten formal. Tari Sekar Jagat menika saking tembung “sekar” inggih menika kembang ingkang ngganda arum saha “jagat” inggih menika jagat utawi bumi. Dados, tarian menika dipunwastani tarian ingkang nyukani ganda arum wonten ing sedaya alam jagat raya menika. Tarian menika nggambaraken tentreming jagat kanthi ganda aruming sekar.
Busana Tari Sekar Jagat setunggal set inggih menika:
1.      Gelungan
2.      Gelang
3.      Badong kulit (wonten ing gulu)
4.      Tutup dhadha
5.      Straples prada
6.      Pending prada jepang
7.      Selendhang
8.      Kain
9.      Tapih
Kajawi busana menika, padatanipun para penari Tari Sekar Jagat ugi ngginakaken ubarampe sanesipun kadosta sekar utawi kipas. Tari Sekar Jagat padatanipun wonten 4 utawi 5 penari putrid saha para kakung ingkang ngrawit utawi nabuh gamelan kangge ngiringi tarianipun. Sasampunipun tarian menika paripurna, para penari setunggal utawi kalih wonten ingkang mandhap wonten ing palenggahan para tamu lajeng nyuwun marang para tamu ingkang kakung supados ngancani anggenipun nari. Kesenian-kesenian sanesipun temtu taksih kathah sanget. Pramila kita sedaya minangka penerusing nagari kedah langkung pinter anggenpun nguri-uri kabudayan, kesenian lan sapiturutipun supados boten ical utawi malah uwal saking nagari kita piyambak.

wacana prosedural: Ngusir Kukul



Kukul (jerawat) menika samubarang ingkang dipuntebihi dening tiyang mliginipun para mudha kakung utawi putri. Kukul menika wonten ingkang sakit sanget ugi wonten ingkang limrah. Ananging sanajan boten sakit, kukul menika ndadosaken pasuryan kita katingal reged. Pramila kathah tiyang ingkang pados resep-resep ingkang manjur kangge ngicali kukul. Ing ngriki badhe dipunandharaken babagan caranipun ngicali kukul, inggih menika:
·         Cara ingkang sepisan ingkang saged dipuntindakaken inggih menika nindakaken perawatan saha pengobatan pasuryan.
·         Cara ingkang kaping kalih kita kedah njagi pola makan kanthi ngirangi dhedhaharan ingkang kathah lisahipun (berminyak).
·         Cara ingkang kaping tiga inggih menika kita kedah ngginakaken pembersih saha penyegar jeruk nipis sedinten ping 2 utawi 3.
·         Salajengipun kita saget ngginakaken masker wajah.
·         Menawi perlu saged ugi dipuntambah kanthi ngunjuk jamu.
·         Cara ingkang pungkasan inggih menika kita kedah raup (cuci muka) saderengipun sare utawi sabibaripun nglampahi kagiyatan supados rereged boten nempel wonten ing pasuryan.
Kukul menika thukul amargi wontenipun  kathah lemak ingkang kesumpelan. Menawi boten langsung dipunobati, mangkih saged dados atos saha sakit. Pramila kita saged nyobi cara utawi resep ingkang wonten ing nginggil menika.

Autobiografi: Sinta Wulandari



Kula ingkang kagungan nama Sinta Wulandari, putrinipun bapak Siswadi saha ibu Suratinah badhe pitepangan. Kula menika putri kaping kalih sakih tiga sedulur. Kula asring dipunceluk Sinta, ananging ugi wonten ingkang nyeluk Wulan menawi wonten griya, ugi wonten ingkang nyeluk Gembil utawi Sis. Kula kala taksih SD sekolah wonten ing SDN Banjarsari, Grabag, Magelang. SMPnipun kula wonten ing SMP N 2 Grabag, Magelang saha SMAnipun wonten ing SMA N 1 Grabag, Magelang. Samenika kula kuliah wonten ing satunggaling universitas negeri ingkang mapan ing kitha Ngayogyakarta. Nama universitas inggih Universitas Negeri Yogyakarta ingkang asring dipunsingkat UNY. UNY menika kagungan 8 fakultas saha kathah jurusan.
Kula menika kala rumiyin daftar wonten ing Fakultas Basa lan Seni, Jurusan Pendidikan Basa Daerah ugi ketampi wonten ing jurusan menika. Samenika kula sampun semester 5 badhe ngacik semester 6. Kula ngudi kawruh wonten ing UNY menika sampun 2,5 tahun. Amargi kula dados Staff Bidang Karawitan wonten ing  UKM Kamasetra UNY, kula dados boten kerep anggenipun wangsul dhateng Magelang. Kula saged tilik griya, tiyang sepuh saha sinten kemawon menawi wonten kampus menika boten wonten acara, menawi wonten acara dados boten saged wangsul ngantos pinten-pinten wulan. Ananging kathahing kagiyatan kula usahakaken boten nganggu kuliah kula wonten ing perkuliahan.
Wonten ing Kamasetra kula asring ndherek pentas . Saking pentas-pentas menika wonten pentas ingkang profit saengga saged mbiyantu tiyang sepuh kula sakedhik.
Kula wonten griya kagungan kangmas naminipun Tangguh Harsaya saha adhi naminipun Syafara Ardiana Nilamsari. Kangmas kula menika sampun makarya wonten ing bengkel alit ingkang dipunbangun piyambak. Dene adhi kula sakmenika yuswanipun taksih 4 tahun. Sakmenika taksih sekolah wonten ing TK PGRI Wates, Grabag, Magelang.

Kamis, 23 Januari 2014

news future


 PURA GOA LAWAH

Pura Goa Lawah kang manggon ing desa Pesinggahan Kecamatan Dawan, Klungkung, Bali dadi papan pemujaan kaum Hindu ing tlatah Bali. Pura iki disebut ana ing Lontar Usana Bali lan Lontar Pasek. Lontar iku mbabar yen Pura Goa Lawah dibangun dening Mpu Kuturan ing abad XI M. Pura ingkang dipunparcaya dados Pura Kahyangan Jagat iku diapit pantai lan perbukitan.
            Ana ing pura iku ana upacara kang ditindakake ing dina-dina suci. Upacara piodalan utawa pujawali ditindakake saben enem wulan sepisan ing dina anggara kasih medangsia.  Upacara kang suwene 3 dina iku dipimpin dening pangempon pura yaiku Krama Desa Pakraman Pesinggahan. Kejaba upacara piodalan utawa pujawali, uga ana upacara rutin ing dina purnama, tilem, kajeng kliwon, pangerwesi, saraswati, lan sapanunggalane. Pura Goa Lawah iku lan Pura Besakih ing lereng Gunung Agung dadi simbol lingga yoni kanthi wujud alam. Lingga Yoni iku symbol pemujaan marang Gusti.
            Kasunyatan unik saka Goa Lawah iku yaiku lawa warna putih, ijo, lan ula ing watu dadi misteri kang ora bisa diandharake. Lawa putih lan ula dipercaya bisa dadi wangsit yen bakal ana kadadeyan kayata tanah longsor, gempa, raja pati, gunung njebluk, tsunami, bom, lan sapiturute.(SintaWulandari/11205244058)