Longsor Ngrusak Omah Warga
Jawah deres wonten ing Gunungkidul nyebabaken bencana longsor, Jumat
(13/12/2013) wengi. Longsor ingkang ngenani griyanipun Bapak Sulistyono wonten
ing Mertelu, Gedangsari ngantos remuk.
"Boten wonten korban jiwa wonten
ing kadadosan menika, ananging griya menika risak parah lan dipunkinten-kinten rugi
puluhan yuta," andharan saking Sumardi anggota Taruna Siaga Bencana Tagana
Gunungkidul, Sabtu (14/12/2013) enjing.
dipunandharaken, bilih bencana longsor menika dipunsebabaken saking
jawah ingkang dangu saking sonten dumugi enjing menika. Mila siti ingkang
sampun wonten emper menika ambrol lan ngembruki griyanipun Bapak Sulistyono.
Sasampunipun kadadosan menika para kadang warga kaliyan Tagana saka para
relawan biyantu sesarengan kangge ngevakuasi longsoranipun.
Masarakat uga sampun
dipunelingaken supados waspada menawi intensitas jawah ingkang wonten menika
inggil. Menapa malih siti wonten ing gunung kidul menika sipatipun labil lan
asring longsor menawi kejawahan ngantos dangu.
Pangarsa Pelaksana Badan Penanggulangan Bencana Daerah
(BPBD) Gunungkidul Budhi Harjo SH MH ngingetaken dumateng masarakat supados tansah waspada kaliyan
bencana alam kayata longsor lan angin banter. Kangge penanganan bencana menika
sampun dipunkoordinasi kaliyan Tim Reaksi
Cepat, Tagana sarta intansi ingkang gayut kangge biyantu wonten ing papan
bencana menika.(Sinta Wulandari/11205244058)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar