PURA GOA LAWAH
Pura
Goa Lawah kang manggon ing desa Pesinggahan Kecamatan Dawan, Klungkung, Bali
dadi papan pemujaan kaum Hindu ing tlatah Bali. Pura iki disebut ana ing Lontar
Usana Bali lan Lontar Pasek. Lontar iku mbabar yen Pura Goa Lawah dibangun dening
Mpu Kuturan ing abad XI M. Pura ingkang dipunparcaya dados Pura Kahyangan Jagat
iku diapit pantai lan perbukitan.
Ana ing pura iku ana upacara kang ditindakake
ing dina-dina suci. Upacara piodalan utawa pujawali ditindakake saben enem wulan
sepisan ing dina anggara kasih medangsia. Upacara kang suwene 3 dina iku dipimpin dening
pangempon pura yaiku Krama Desa Pakraman Pesinggahan. Kejaba upacara piodalan utawa
pujawali, uga ana upacara rutin ing dina purnama, tilem, kajeng kliwon,
pangerwesi, saraswati, lan sapanunggalane. Pura Goa Lawah iku lan Pura Besakih ing
lereng Gunung Agung dadi simbol lingga yoni kanthi wujud alam. Lingga Yoni iku
symbol pemujaan marang Gusti.
Kasunyatan unik saka Goa Lawah iku yaiku
lawa warna putih, ijo, lan ula ing watu dadi misteri kang ora bisa diandharake.
Lawa putih lan ula dipercaya bisa dadi wangsit yen bakal ana kadadeyan kayata tanah
longsor, gempa, raja pati, gunung njebluk, tsunami, bom, lan sapiturute.(SintaWulandari/11205244058)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar