Tari
Sekar Jagat ing Pulo Bali
Pulo
Bali inggih salah satunggaling pulo ingkang kagunganipun nagari kita, ingkang
nami nagari Indonesia.
Pulo Bali menika sampun dangu dados pulo ingkang mencungul tinimbang pulo
sanesipun mliginipun babagan pariwisata. Kajawi saking segi pariwisata, wonten
ing pulo menika ugi wonten kathah kesenian, sejarah, kabudayan ingkang
padatanipun kathah tiyang ingkang kepengin nyinau babagan menapa kemawon.
Wonten ing seratan menika badhe mbabar
babagan salah satunggaling
kesenian ingkang wonten ing Pulo Bali
inggih menika Tari Sekar Jagat.
Tari
Sekar Jagat inggih menika salah satunggaling tarian Bali
ingkang padatanipun kagungan fungsi minangka tari penyambutan wonten ing
acara-acara ingkang formal utawi boten formal. Tari Sekar Jagat menika saking
tembung “sekar” inggih menika kembang ingkang ngganda arum saha “jagat” inggih
menika jagat utawi bumi. Dados, tarian menika dipunwastani tarian ingkang
nyukani ganda arum wonten ing sedaya alam jagat raya menika. Tarian menika
nggambaraken tentreming jagat kanthi ganda aruming sekar.
Busana
Tari Sekar Jagat setunggal set inggih menika:
1. Gelungan
2. Gelang
3. Badong
kulit (wonten ing gulu)
4. Tutup
dhadha
5. Straples
prada
6. Pending
prada jepang
7. Selendhang
8. Kain
9. Tapih
Kajawi
busana menika, padatanipun para penari Tari Sekar Jagat ugi ngginakaken
ubarampe sanesipun kadosta sekar utawi kipas. Tari Sekar Jagat padatanipun
wonten 4 utawi 5 penari putrid saha para kakung ingkang ngrawit utawi nabuh
gamelan kangge ngiringi tarianipun. Sasampunipun tarian menika paripurna, para
penari setunggal utawi kalih wonten ingkang mandhap wonten ing palenggahan para
tamu lajeng nyuwun marang para tamu ingkang kakung supados ngancani anggenipun
nari. Kesenian-kesenian sanesipun temtu taksih kathah sanget. Pramila kita
sedaya minangka penerusing nagari kedah langkung pinter anggenpun nguri-uri
kabudayan, kesenian lan sapiturutipun supados boten ical utawi malah uwal
saking nagari kita piyambak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar